Kamis, 01 Oktober 2015

Tarling Pantura

Penganten Baru

                                                       Voc: Inah Karlina

Pantes di sawang wadon lan lanang sipenganten
manis meseme karo semahe gawe bungah
mendadene mendadene yen mlaku iring-iringan
gawe ribut merbetaken jeng iringan
penganten baru pada setuju
penganten baru salaman karo tamu
Lahir lan batin dunya akhirat sopah sodi
uripe bareng mengendi bareng sumpah jiwa

Lirikan mata pada kerasa kerosongan
pada sopane lanang wadone kalma mulya
kamajaya kamajaya kamarati pribasane
nyenengaken ning kang dadi mertuane
penganten baru pada setuju
penganten baru salaman karo tamu
slendang pelangi arum mewangi penganggone
penganten lanang sumpinge kembang jaya mulya

Plocoti pecing lan cengar cengir mompar mampir
waktune lunga numpake becak kliling kota
salam tangan salam tangan ketemu karo kenalan
mesam mesem ning wita sepanjang dalan
penganten baru pada setuju
penganten baru plesiran sampe seminggu
lanange gagah wadone prawan pasangane 
dadi jodone seneng uripe sugih dunya




5 komentar: